21/07/2017
***NOTO ATI OLAH ROSO🙏🙏
_Rejeki iku ora iså ditiru.._
_Senajan pådå lakumu_
_Senajan pådå dodolan mu_
_Senajan pådå nyambut gawemu_
_Kasil sing ditåmpå bakal bedå2_
_Iså bedå nèng akèhé båndhå_
_Iså ugå ånå nèng Råså lan Ayemé ati, yaiku sing jenengé bahagia_
_Kabèh iku såkå tresnané Gusti kang måhå kuwåså_
_Såpå temen bakal tinemu_
_Såpå wani rekåså bakal nggayuh mulyå_
_Dudu akèhé, nanging berkahé kang dadèkaké cukup lan nyukupi_
_Wis ginaris nèng takdiré menungså yèn åpå sing urip kuwi wis disangoni såkå sing kuwåså_
_Dalan urip lan pangané wis cemepak cedhak kåyå angin sing disedhot bendinané_
_Nanging kadhang menungså sulap måtå lan peteng atiné, sing adoh såkå awaké katon padhang cemlorot ngawé-awé, nanging sing cedhak nèng ngarepé lan dadi tanggung jawabé disiå-siå kåyå orå duwé gunå_
_Rejeki iku wis cemepak såkå Gusti, ora bakal kurang anané kanggo nyukupi butuhé menungså såkå lair tekané pati.
_Nanging yèn kanggo nuruti karep menungså sing ora ånå watesé, rasané kabèh cupet, nèng pikiran ruwet, lan atiné marahi bundhet
_Welingé wong tuwå, åpå sing ånå dilakoni lan åpå sing durung ånå åjå diarep-arep, semèlèhké lan yèn wis dadi duwèkmu bakal tinemu, yèn ora jatahmu, åpå maneh kok ngrebut såkå wong liyå nganggo cårå sing ålå, yå waé, iku bakal gawé uripmu lårå, rekåså lan angkårå murkå sak jeroning kaluwargå, kabeh iku bakal sirnå
_Yèn umpåmå ayem iku mung biså dituku karo akèhé båndhå dahnå rekasané dadi wong sing ora duwé.
_Untungé ayem isà diduwèni såpå waé sing gelem ngleremké atiné ing bab kadonyan, seneng tetulung marang liyan, lan pasrahké uripé marang GUSTI KANG MURBENG DUMADI
Sugeng makaryo Mugi Gusti Allah.SWT tansah paring Ridho. .Aamiiin